Rabu, 05 Agustus 2015

CARIOS SAKING DASARING SAMUDRA

WILAYAH SAMUDRA NEGARI KITA INDONESIA KAGUNGAN POTENSI SEGANTEN INGKANG AGENG SANGET. Jumbuh kalian wiyaripun samudra ingkang manut para winasis kirang langkung dumbugi 70% saking wiyaripun wilayah Indonesia. Salah satunggalipun potensi punika nun injih TERUMBU KARANG ingkang dados tuk panggesanganipun maneka warni sato seganten. Manut para winasis wiyaring kawasan terumbu karang wonten ing Indonesia wonten 60.000 km (Mahmudi, 2003). Manut Dahuri, 2000 ( ingkang dipun kutip saking mahmudi, 2003) wonten ing kawasan terumbu karang negari kita wonten kirang langkung 300 werni terumbu karang lan 200 maneka ulam ugi pinten pinten dasa molusca, crustacean, sponge, alga, lamun lan sak lajengipun.
Kanthi maneka warnanipun biota seganten punika, ekosistem terumbu karang gadahi potensi ekonomi lan ugi ekologis ingkang inggil. Namung semantena ekosistem terumbu karang ugi sanget rumih dumateng gangguan alam lan pakaryaning tiyang ingkang boten migatosaken ing kelestantunan ipun alam.

Wonten ing pantai Gesing, desa Girikarto, kecamatan Panggang, Gunungkidul sak wentawis ugi wonten wilayah pantai ipun ingkang gadahi tutupan terumbu karang. Nanging bilih dipun pirsani saking wiyaripun wilayah, terumbu karang ingkang wonten namung sekedik. Sedaya punika awit umum ipun seganten ingkang dados wewengkonipun kabupaten Gunungkidul kalebet seganten ingkang lebet.
Mliginipun terumbu karang ingkang wonten pantai Gesing, ingkang wiyaripun boten sepintena punika dumbugi titi wanci punika kawontenan ipun kathah ingkang sami risak. Bab punika dadosaken gelaning penggalih seperangang nelayan ingkang cumondog lan makarya wonten pantai kasebat. Para nelayan  matur, kanthi risaking terumbu karang ingkang minangka biodiversity dadosaken hasil tangkapan mangkara ( udang lobster )  ipun sansaya mandap utawi sekedik.

Menggah ingkang dadosaken risaking terumbu karang wonten ing pantai Gesing, utaminipun awit saking kathahipun limbah alat tangkap ingkang mapan wonten ing area terumbu karang lan ugi awit wonten pakartosipun tiyang ingkang kirang sadar dumateng kelestantunanipun alam.

Babagan terumbu karang ingkang mapan wonten ing pantai Gesing punika kula aturaken sak wetahipun kanthi dasar pemanggih kula lan pangertosan kula ingkang  linambaran raos prihatos, awit kula minangka nelayan pengrendhet ingkang ngupaya mangkara kanthi cara sesingleman, nâdyan namung sekedik sanget  nanging mangertosi kawontenan ingkang wonten sak lebetipun seganten Gesing.

Makaten seratan kula. Mugi-mugi wonten manfaatipun dumateng kula tuwin panjenengan sami. Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar